Minggu, 19 Januari 2020

Panganan Tradhisional Jawa

        Panganan tradhisional iku panganan kang kondhang ing papan utawa dhaerah tartamtu. Saben dhaerah biasane duwe panganan sing kondhang lan dadi ikon dhaerahe. Kayata coto lan conro ing makassar, rendhang ing pandang, lan sapanunggale.

A. Maca lan nanggapi teks 
       Gatekna pethilan teks ngisor iki!


Tumpeng




       Tumpeng iku cara nyuguhake sega lan lan lawuh jroning wangun bucu; amarga saka kuwi  banjur diarani sega sega tumpeng. Olahan sega sing dianggo umume arupa sega kuning, senadyan karep uga digunakake sega putih biasa utawa sega uduk. Umume tumpeng disuguhake ing tampah kang arupa nampan gedhe, bunder, saka anyaman pring. Tampahe dilemeki godhong gedhang lan sega sega tumpenge dipanggonake ing tengah, diubengi lawuh lan janganan. 
      Tumpeng biasane dinggo ing upacara tradhisional sing sifate seneng utawa sedhih. Tumpenge ing ritual Jawa


B. Nemokake nilai-nilai kang kamot ing teks

Babagan kang kudu digatekake yaiku:
  • Tumpeng wujude lancip kang umume saka sega kuning utawa putih;
  • Tumpeng biasane kanggo upacara tradhisional kang sipate seneng utawa sedhih;
  • Tumpeng minangka simbul keslametan, kesuburan, lan kesejahteraan;
  • Tumpeng kang lancip nggambarake kemakmuran sing langgeng sarta panggarep-arep supaya urip munggah lan dhuwur.

C. Mbedhah isine teks

Jadah



      Saka jenenge jadah manten bisa ngemu tegese sing padatan didadekake barang gawan kanggo penganten. Pancen jadah minangka barang gawan penganten kakung nalika badhe penganten putri. Jajanan iki didadikake barang gawan amarga ngemu teges supaya penganten kakung lan penganten putri tansah lengket kaya sipat jajanan jadah kasebut.

      Jadah uga minangka  jajan sing kudu ana ing acara tedhak siten. Kaya kang wis dimangerteni, tedhak siten minangka  wujud rasa syukur nalika putrane wis ngancik umur pitung sasi. Gegayutan karo angka pitu kasebut mula jadah kang dicepakake ana werna pitu yaiku abang,putih,ireng, kuning,biru, jingga, lan unggu, babagan kasebut ngemu teges minangka simbol kauripan sing bakal dilakoni putra-putri, yaiku wiwit sikile napak kapisan ing donya nganti tekan diwasa mengkone, dene werna-werna kasebut minangka gambaran urip menawa manungsa urip kuwi akeh  pepalang kang kudu diliwati. Jadah pitu pitu ditata wiwit saka werna peteng banjur padhang, iki nggambarake  menawa sing bakal dilakoni putra-putri kasebut wiwit saka prekara sing abot tumekaning prekara sing entheng, ateges uga sanajan abot prekarane mesthi bisa karampungake.

     Isi teks ing dhuwur, yaiku:
  • Jadah minangka jajan kang padatan didadekake barang gawan kang penganten;
  • Jadah ngemu teges supaya penganten kakung lan penganten putri tansah lengket;
  • Jadah uga minangka jajan kang padhatan ana ing acara tedhak siten;
  • Jadah kang dicepakake ana werna pitu yaiku abang, putih, ireng, kuning, biru, jingga,lan ungu;
  •  Jadah werna pitu ngemu teges minangka simbol kauripan sing bakal dilakoni putra-putri, yaiku wiwit sikile napak kapisan ing donya nganti tekan diwasa  mengkone, dene werna-werna kasebut minangka gambaran urip menawa manungsa urip kuwi akeh pepalang kang kudu diliwati.

Sumber:  Buku Gegagaran Nyinau Basa Jawa 1 kelas X SMA/SMK/MA


Jumat, 17 Januari 2020

Serat Wedhatama Pupuh Pangkur

     
- Pangarten
         Serat Wedhatama iku anggitane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati (KGPAA) Mangkunegara IV. Tembung 'serat' tegese tulisan/karya, 'wedha' tegese wulangan/tuntunan, dene 'tama' duwe teges utawa/kautama. Dadi, wose serat wedhatama iku wulangan luhur kanggo mbangun budi pekertine supaya sapa wae kang maca. Serat Wedhatama dianggit wujud tembang macapat pupuh Pangkur, Sinom, Pocung, Gambuh, lan Kinanthi.

- Maca lan naggapi teks serat Wedhatama pupuh Pangkur lan nitik guru gatra, guru lagu, lan  guru wilangan


Pangkur

Mingkar-mingkuring angkara,
(Ngempet saka murka)
Akarana karenan mardi siwi,
(Yen bakal ngajari anak) 
Sinawung resmining kidung, 
(Rangkep ing geguritan ayu)
Sinuba sinukarta,
(Dihiasi kanggo katon ayu)
Mrih kretarta pakartining
(Ben kang dituju ngilmu apik kelakon)
 Kang tumprap ing tanah jawa,
(Sing ditrapke ing jawa)
Agama ageming aji
(Pemimpin agama genggeman) 


  • Pupuh pangkur ing serat Wedhatama ngemot tembang cacahe 14 pada (bait). Sapada tembang Pangkur kiwa iki kawiwitan saka tembung 'mingkar' tekan tembung 'aji' 
  • Guru gatra, yaiku wewaton cacahe larik saben sapada. Guru gatrane saben papada tembang pangkur ana 7
  • Guru lagu, yaiku wewaton dhong dhinge swara utawa sukon wulone swara saben pungkasane gatra. Guru lagune tembang Pangkur, yaiku a,i,u,a,u,a,i.
  • Guru wilangan, yaiku wewaton cacahe wanda (suku kata) saben sagatra (larik). Dadi, guru wilangane tembang pangkur yaiku 8,11,8,7,12,8,8.
  • Supaya gampang dieling-eling, guru wilangan lan guru lagune tembang Pangkur, biasane ditullis: 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i.


Sumber:  Buku Gegagaran Nyinau Basa Jawa 1 kelas X SMA/SMK/MA 


Budaya Wewaler

   Wewaler padha karo gugon tuhon. Gugon tuhon saka tembung gugu (pracaya marang kandhaning liyan) lan tuhu (nyata, temen). Gugon tuhon yaik...