Rabu, 12 Februari 2020

Budaya Wewaler

   Wewaler padha karo gugon tuhon. Gugon tuhon saka tembung gugu (pracaya marang kandhaning liyan) lan tuhu (nyata, temen). Gugon tuhon yaiku ngandel marang prakara sing dianggep duwe kadayan ngungkuli kodrat, mangka sanyatane ora. Gugon tuhon ing madyaning masarakat Jawa diarani pepali utawa larangan. Gugon tuhon kalebu kaprecayan tansah duwe rasa sumelang menawa ora bisa nyembadani prekara sing dianggep mbebayan kui.


Gugon tuhon

  • Gugon tuhon salugu yaiku bocah utawa wong kang dadi mangsane Bathara kala miturut dongeng yaiku bocah sukerta. Miturut kaprecayan, kanggo ngusadhani supaya ora di mangsa bathara kala, kudu ditanggapake wayang kanthi lakon amurwakala.
      Sing kalebu bocah sukreta yaiku:

  •  Gugon tuhon wasita sinandi yaiku kalebu pitutur sing ora kalairake kanthi melok. Akeh nggunakake tembung tembung boten ilok utawa ora ilok sing ngemu teges ora becik.
  • Gugon tuhon kalebu wewaler yaiku wewaler saka leluhur utawa wong sing dadi cikal bakal amarga nindakake sawijining bab, banjur wewaler kanggo anak putu supaya ora melu nindhakake
  • Budaya jawa kaperang dadi loro arupa pituduh lan wewaler. Kabeh ngandhut 6 perkara yaiku Ketuhanan Yang Maha Esa, rohani, kamanungsan, kabangsan, kulawarga, lan kadonyan


Pituduh
   
      Munggahe bebrayan jawa, pituduhe urip iku kaperang dadi enem prekara, kaya kacetha ing ngisor iki.

  1. Pituduh mangepokan karo Gusti kang Maha Wisesa
  2. Pituduh kang mangepokan karo rohani
  3. Pituduh mangepokan karo kang manungsaan 
  4. Pituduh kang  magepokan karo kabangsan
  5. Pituduh kang mangepokan karo kulawarga
  6. Pituduh kang mangepokan karo kadonyan

Wewaler
     Kaya dene pituduh, wewalere bebrayan jawa uga kapatha dadi enem pepathan, kaya ing ngisor iki.


  1. Wewaler karo magepokan karo Gusti Kang Murbeng Urip
  2. Wewaler kang magepokan karo rohani
  3. Wewaler kang magepokan karo kamanungsan
  4. Wewaler kang magepokan karo kebangsan 
  5. Wewaler kang magepokan karo kulawarga
  6. Wewaler kang magepokan karo kadonyan

Senin, 10 Februari 2020

Pranatacara

   MC utawa Master of Ceremony mengkono istilah sing misuwur tumraping pranatacara. Pranatacara kajibah nglantarake titilaksana upacara pasamuan, temanten, lan sapanunggalane. Basa sing dienggo pranatacara gumantung karo upacarane.

panatacara, yaiku paraga kang nduweni jejibahan nglantarake titilaksana ing acara.

A. Maca lan Nanggapi Teks Pranatacara
Gatekna pethilan teks pranatacara ngisor iki!
Assalamuakaikum Wr. Wb.

   Dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh pinisepuh ingkang hanggung mastuti
dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi.

    Para pangemban pangembating praja satriyaning negari minangka pandam pandoming kawula dasih
inglang sinuba ing pakurmatan.

   Caos uninga katur dhumateng para lenggah, bilih titi laksana ijab qobul putra pinanganten, nun
nggih Rara Ayu Fitri Kusuma putra putrinipun Bapa Joko Susena ingkang kadhaupaken kaliyan Bagus Ganes Sni Narendra putra kakungipun Bapa Agus Dahlan ingkang lenggah wonten Sekayu Semarang, sampun laleksanan kanthi wilujeng nir ing rubeda duk nalika dinten Selasa, 29 Maret 2016 wanci tabuh 09.00 mapan ing Sekayu.

Paratamu kakung sumawana putri, wondene menggah reroncening tata adicara ingkang sampun
rinancang rinacik rinumpaka dening para kulawangsa nun inggih:
1. binuka kanthi sowaning putra temanten sarimbit saking sasana busana;
2. purmaning tata upacara sowanipun pinanganten;
3. atur pambagya yuwana saking hamengku karsa,
4. ndungkap titi laksana tataran angka sekawan, lir gumanti pasrah saha panampining putrat temanten;
5. Adicara ingkang angka gangsal sabdatama;
6. Wondene pratandha purnaning pahargyan saking kulawarga mingka paran para.

Para rawuh para lenggah, jumbuh kaliyan urut reroncening tata cara ingkang ugi karana sampun paripurna risang pinanganten sarimbit anggenya hangadi salira mulas wadana.

Jengkraripun temanten sarimbit saking sasana busana ........

B. Nemokake Isi Pokok Teks Pranatacara
Isi teks pranatacara ing ndhuwur, yaiku:
1. teks pranatacara kasebut ngandharake titi laksana ijab qabul;
2. acara binuka kanthi sowane temanten sarimbit, waosan Kalamullah, atur pambagya hamengku
karsa, pasrah, sabdatama, lan paran para.
C. Mbedhah Kaidah Pranatacara
Urut-urutane teks pranatacara:
1. salam pambuka;
2. atur pamuj
3. atur kasugengan, kairing atur panuwun,
4. wedharing gati;
5. atur nyuwun pangapura;
6. panutup;
7. salam panutup.
D. Maca Teks Pranatacara
Supaya anggone maca teks pranataca gampang dimangerteni, kudu nggatekake babagan ngisor iki.
1. Pangucapane kang trep
2. Pamedhote ukara kang trep
3. Intonasi, nada, lan tekanan kang trep
4. Mangerteni tandha wacan kanthi trep
5. Swara kang cetha
6. Ngatur alon lan cepete pamaca
7. Ngolah treping mlebu wetuning napas
8. Mahami wacan
9. Pracaya marang dhiri pribadi

Sabtu, 08 Februari 2020

Cerita Rakyat

Cerkak
     Cerita rakyat yaiku cerita kang dicritakake kanti turun temurun utawa kang wis dadi tradhisi ing masyarakat. Cerita rakyat kasebut kacritakake ing maneka werna kahanan, ana ing sajroning kunpulan, utawa  pinangka crita pamancing impen, lan sapiturute. Tumpraping bocah bocah, crita rakyat uga bisa mingunani pinangka pendhidhikan budi pekerti, amarga budi pekerti luhur tumprap bocah bocah. Crita rakyat duwe unsur unsur pambangun, kayata tema, tokoh utawa penokohan, latar (setting), alur (plot), sudhut pandhang lan amanat.
       Tema yaiku pokok permasalahan ing sajroning cerita. Saben cerita rakyat nduwe tema kang gumathok supaya gampang diwaca. Latar (setting) yaiku papan panggonan, wektu lan suasana kadadeyan ing sajroning crita. Sudhut pandang yaiku cara pandhang panganggit  tumrap crita kang dianggit awujud wong kapisan, wong kapindho, utawa wong katelu. Amanat pesen kang diaturaken dening panganggit marang wong kang maca.
       Crita rakyat ngemu pimulang utawa nilai nilai, antarane yaiku nilai nilai budaya kang nduweni gegayutan karo pemikiran, kabisan, lan karya cipta manungsa, nilai nilai sosial kang nduwe gegayutan karo tata laku antaraning manungsa nduweni sapadha, lan nilai nilai moral kang ndeweni gegayutan karo tumindhak apik lan elek kang dadi dhasare kauripan manungsa lan masyarakate.
• Titikane crita rakyat
  a. Payebarane kanthi lesan
  b. Duweni sipat tradhisional
  c. Sugih cakrik lan variasi
  d. Jenenge pangriptane ora konangan       (anonim yaiku crita mau ora kaweruhan sapa sing nganggit)
  e.wangune tiron (klise) ana ing susunan utawa pangungkapane
mupangate crita rakyat yaiku:
   a. Mupangat rekreatif yaiku manehi rasa tentrem, seneng uga menehi hiburan.
   b. Mupangat dedaktif yaiku ndhidik para kang maca amaraga nilai nilai kebenaran lan kaapikan kang ana ing sajroning crita.
   c. Mupangat moralitas yaiku ngemu nilai-nilai moral kang ndhuwur saengga para kang maca bisa mangerteni moral kang apik lan elek.
   d.  Mupangat estetis yaiku manehi nilai nilai kaendahan.
   e. Mupangat relegiusitas yaiku ngemu ajaraning agama kang bisa didadekake tuladha kanggo para kang maca.
unsur crita rakyat
Crita rakyat nduwe unsur unsur intrinsik, kayata:
   a. Tema yaiku ide pokok utawa permasalahan utama lan ndhasari lakuning crita.
    b. Latar (setting) yaiku latar belakang kang mbantu cethaning laku crita kang ngemot wektu, papan panggonan lan sosial budaya.
   c. Paraga yaiku paraga ing sajroning crita. Paraga bisa dingerteni karaktere saka tumindhake, ciri isike, lingkungane, lan sapanunggale.
   d. Alur (plot) yaiku rerangkening prastawa ing sajroning crita.
   e. Amanat yaiku pesen kang ono ing crita.
   f. Sudut padhang yaiku nyritakake tokoh,barang,papan, lan sapanunggale.
   g. Konflik yaiku perkara kang ono ing crita.
Wujude crita rakyat miturut William R. Bascom ana telung golongan, yaiku mitos,legendha, lan dongeng.
   a. Mitos
           Crita kang dianggep bener-bener kedadeyan ing alam dharatan, segara utawa langit, tuladhane crita Nyi Roro Kidul, Nyi Lanjar, lan sapanunggale.
   b. Legendha
             Legendha yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadeyan, biasane crita mau ana petilasan arupa watu, gunung kali, lan sapanunggale. Tuladhane crita baru Klinthing, kawah sikidang, sumur jalatundha, Rara jonggrang lan sapanunggale.
   c. Dongeng 
             Crita kang ngayawara lan ora bisa dipercaya. Tuladhane Kancil nyolong Timun, Keong Mas, Lutung Kasarung, lan sapanunggale. 



Minggu, 19 Januari 2020

Panganan Tradhisional Jawa

        Panganan tradhisional iku panganan kang kondhang ing papan utawa dhaerah tartamtu. Saben dhaerah biasane duwe panganan sing kondhang lan dadi ikon dhaerahe. Kayata coto lan conro ing makassar, rendhang ing pandang, lan sapanunggale.

A. Maca lan nanggapi teks 
       Gatekna pethilan teks ngisor iki!


Tumpeng




       Tumpeng iku cara nyuguhake sega lan lan lawuh jroning wangun bucu; amarga saka kuwi  banjur diarani sega sega tumpeng. Olahan sega sing dianggo umume arupa sega kuning, senadyan karep uga digunakake sega putih biasa utawa sega uduk. Umume tumpeng disuguhake ing tampah kang arupa nampan gedhe, bunder, saka anyaman pring. Tampahe dilemeki godhong gedhang lan sega sega tumpenge dipanggonake ing tengah, diubengi lawuh lan janganan. 
      Tumpeng biasane dinggo ing upacara tradhisional sing sifate seneng utawa sedhih. Tumpenge ing ritual Jawa


B. Nemokake nilai-nilai kang kamot ing teks

Babagan kang kudu digatekake yaiku:
  • Tumpeng wujude lancip kang umume saka sega kuning utawa putih;
  • Tumpeng biasane kanggo upacara tradhisional kang sipate seneng utawa sedhih;
  • Tumpeng minangka simbul keslametan, kesuburan, lan kesejahteraan;
  • Tumpeng kang lancip nggambarake kemakmuran sing langgeng sarta panggarep-arep supaya urip munggah lan dhuwur.

C. Mbedhah isine teks

Jadah



      Saka jenenge jadah manten bisa ngemu tegese sing padatan didadekake barang gawan kanggo penganten. Pancen jadah minangka barang gawan penganten kakung nalika badhe penganten putri. Jajanan iki didadikake barang gawan amarga ngemu teges supaya penganten kakung lan penganten putri tansah lengket kaya sipat jajanan jadah kasebut.

      Jadah uga minangka  jajan sing kudu ana ing acara tedhak siten. Kaya kang wis dimangerteni, tedhak siten minangka  wujud rasa syukur nalika putrane wis ngancik umur pitung sasi. Gegayutan karo angka pitu kasebut mula jadah kang dicepakake ana werna pitu yaiku abang,putih,ireng, kuning,biru, jingga, lan unggu, babagan kasebut ngemu teges minangka simbol kauripan sing bakal dilakoni putra-putri, yaiku wiwit sikile napak kapisan ing donya nganti tekan diwasa mengkone, dene werna-werna kasebut minangka gambaran urip menawa manungsa urip kuwi akeh  pepalang kang kudu diliwati. Jadah pitu pitu ditata wiwit saka werna peteng banjur padhang, iki nggambarake  menawa sing bakal dilakoni putra-putri kasebut wiwit saka prekara sing abot tumekaning prekara sing entheng, ateges uga sanajan abot prekarane mesthi bisa karampungake.

     Isi teks ing dhuwur, yaiku:
  • Jadah minangka jajan kang padatan didadekake barang gawan kang penganten;
  • Jadah ngemu teges supaya penganten kakung lan penganten putri tansah lengket;
  • Jadah uga minangka jajan kang padhatan ana ing acara tedhak siten;
  • Jadah kang dicepakake ana werna pitu yaiku abang, putih, ireng, kuning, biru, jingga,lan ungu;
  •  Jadah werna pitu ngemu teges minangka simbol kauripan sing bakal dilakoni putra-putri, yaiku wiwit sikile napak kapisan ing donya nganti tekan diwasa  mengkone, dene werna-werna kasebut minangka gambaran urip menawa manungsa urip kuwi akeh pepalang kang kudu diliwati.

Sumber:  Buku Gegagaran Nyinau Basa Jawa 1 kelas X SMA/SMK/MA


Jumat, 17 Januari 2020

Serat Wedhatama Pupuh Pangkur

     
- Pangarten
         Serat Wedhatama iku anggitane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati (KGPAA) Mangkunegara IV. Tembung 'serat' tegese tulisan/karya, 'wedha' tegese wulangan/tuntunan, dene 'tama' duwe teges utawa/kautama. Dadi, wose serat wedhatama iku wulangan luhur kanggo mbangun budi pekertine supaya sapa wae kang maca. Serat Wedhatama dianggit wujud tembang macapat pupuh Pangkur, Sinom, Pocung, Gambuh, lan Kinanthi.

- Maca lan naggapi teks serat Wedhatama pupuh Pangkur lan nitik guru gatra, guru lagu, lan  guru wilangan


Pangkur

Mingkar-mingkuring angkara,
(Ngempet saka murka)
Akarana karenan mardi siwi,
(Yen bakal ngajari anak) 
Sinawung resmining kidung, 
(Rangkep ing geguritan ayu)
Sinuba sinukarta,
(Dihiasi kanggo katon ayu)
Mrih kretarta pakartining
(Ben kang dituju ngilmu apik kelakon)
 Kang tumprap ing tanah jawa,
(Sing ditrapke ing jawa)
Agama ageming aji
(Pemimpin agama genggeman) 


  • Pupuh pangkur ing serat Wedhatama ngemot tembang cacahe 14 pada (bait). Sapada tembang Pangkur kiwa iki kawiwitan saka tembung 'mingkar' tekan tembung 'aji' 
  • Guru gatra, yaiku wewaton cacahe larik saben sapada. Guru gatrane saben papada tembang pangkur ana 7
  • Guru lagu, yaiku wewaton dhong dhinge swara utawa sukon wulone swara saben pungkasane gatra. Guru lagune tembang Pangkur, yaiku a,i,u,a,u,a,i.
  • Guru wilangan, yaiku wewaton cacahe wanda (suku kata) saben sagatra (larik). Dadi, guru wilangane tembang pangkur yaiku 8,11,8,7,12,8,8.
  • Supaya gampang dieling-eling, guru wilangan lan guru lagune tembang Pangkur, biasane ditullis: 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i.


Sumber:  Buku Gegagaran Nyinau Basa Jawa 1 kelas X SMA/SMK/MA 


Budaya Wewaler

   Wewaler padha karo gugon tuhon. Gugon tuhon saka tembung gugu (pracaya marang kandhaning liyan) lan tuhu (nyata, temen). Gugon tuhon yaik...