Cerkak
Cerita rakyat yaiku cerita kang dicritakake kanti turun temurun utawa kang wis dadi tradhisi ing masyarakat. Cerita rakyat kasebut kacritakake ing maneka werna kahanan, ana ing sajroning kunpulan, utawa pinangka crita pamancing impen, lan sapiturute. Tumpraping bocah bocah, crita rakyat uga bisa mingunani pinangka pendhidhikan budi pekerti, amarga budi pekerti luhur tumprap bocah bocah. Crita rakyat duwe unsur unsur pambangun, kayata tema, tokoh utawa penokohan, latar (setting), alur (plot), sudhut pandhang lan amanat.
Tema yaiku pokok permasalahan ing sajroning cerita. Saben cerita rakyat nduwe tema kang gumathok supaya gampang diwaca. Latar (setting) yaiku papan panggonan, wektu lan suasana kadadeyan ing sajroning crita. Sudhut pandang yaiku cara pandhang panganggit tumrap crita kang dianggit awujud wong kapisan, wong kapindho, utawa wong katelu. Amanat pesen kang diaturaken dening panganggit marang wong kang maca.
Crita rakyat ngemu pimulang utawa nilai nilai, antarane yaiku nilai nilai budaya kang nduweni gegayutan karo pemikiran, kabisan, lan karya cipta manungsa, nilai nilai sosial kang nduwe gegayutan karo tata laku antaraning manungsa nduweni sapadha, lan nilai nilai moral kang ndeweni gegayutan karo tumindhak apik lan elek kang dadi dhasare kauripan manungsa lan masyarakate.
• Titikane crita rakyat
a. Payebarane kanthi lesan
b. Duweni sipat tradhisional
c. Sugih cakrik lan variasi
d. Jenenge pangriptane ora konangan (anonim yaiku crita mau ora kaweruhan sapa sing nganggit)
e.wangune tiron (klise) ana ing susunan utawa pangungkapane
• mupangate crita rakyat yaiku:
a. Mupangat rekreatif yaiku manehi rasa tentrem, seneng uga menehi hiburan.
b. Mupangat dedaktif yaiku ndhidik para kang maca amaraga nilai nilai kebenaran lan kaapikan kang ana ing sajroning crita.
c. Mupangat moralitas yaiku ngemu nilai-nilai moral kang ndhuwur saengga para kang maca bisa mangerteni moral kang apik lan elek.
d. Mupangat estetis yaiku manehi nilai nilai kaendahan.
e. Mupangat relegiusitas yaiku ngemu ajaraning agama kang bisa didadekake tuladha kanggo para kang maca.
• unsur crita rakyat
Crita rakyat nduwe unsur unsur intrinsik, kayata:
a. Tema yaiku ide pokok utawa permasalahan utama lan ndhasari lakuning crita.
b. Latar (setting) yaiku latar belakang kang mbantu cethaning laku crita kang ngemot wektu, papan panggonan lan sosial budaya.
c. Paraga yaiku paraga ing sajroning crita. Paraga bisa dingerteni karaktere saka tumindhake, ciri isike, lingkungane, lan sapanunggale.
d. Alur (plot) yaiku rerangkening prastawa ing sajroning crita.
e. Amanat yaiku pesen kang ono ing crita.
f. Sudut padhang yaiku nyritakake tokoh,barang,papan, lan sapanunggale.
g. Konflik yaiku perkara kang ono ing crita.
• Wujude crita rakyat miturut William R. Bascom ana telung golongan, yaiku mitos,legendha, lan dongeng.
a. Mitos
Crita kang dianggep bener-bener kedadeyan ing alam dharatan, segara utawa langit, tuladhane crita Nyi Roro Kidul, Nyi Lanjar, lan sapanunggale.
b. Legendha
Legendha yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadeyan, biasane crita mau ana petilasan arupa watu, gunung kali, lan sapanunggale. Tuladhane crita baru Klinthing, kawah sikidang, sumur jalatundha, Rara jonggrang lan sapanunggale.
c. Dongeng
Crita kang ngayawara lan ora bisa dipercaya. Tuladhane Kancil nyolong Timun, Keong Mas, Lutung Kasarung, lan sapanunggale.
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Budaya Wewaler
Wewaler padha karo gugon tuhon. Gugon tuhon saka tembung gugu (pracaya marang kandhaning liyan) lan tuhu (nyata, temen). Gugon tuhon yaik...
-
- Pangarten Serat Wedhatama iku anggitane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati (KGPAA) Mangkunegara IV. Tembung 'serat' t...
-
Panganan tradhisional iku panganan kang kondhang ing papan utawa dhaerah tartamtu. Saben dhaerah biasane duwe panganan sing kondhang...
-
Wewaler padha karo gugon tuhon. Gugon tuhon saka tembung gugu (pracaya marang kandhaning liyan) lan tuhu (nyata, temen). Gugon tuhon yaik...
sangat bermanfaat
BalasHapusBagus
BalasHapus