Gugon tuhon
- Gugon tuhon salugu yaiku bocah utawa wong kang dadi mangsane Bathara kala miturut dongeng yaiku bocah sukerta. Miturut kaprecayan, kanggo ngusadhani supaya ora di mangsa bathara kala, kudu ditanggapake wayang kanthi lakon amurwakala.
- Gugon tuhon wasita sinandi yaiku kalebu pitutur sing ora kalairake kanthi melok. Akeh nggunakake tembung tembung boten ilok utawa ora ilok sing ngemu teges ora becik.
- Gugon tuhon kalebu wewaler yaiku wewaler saka leluhur utawa wong sing dadi cikal bakal amarga nindakake sawijining bab, banjur wewaler kanggo anak putu supaya ora melu nindhakake
- Budaya jawa kaperang dadi loro arupa pituduh lan wewaler. Kabeh ngandhut 6 perkara yaiku Ketuhanan Yang Maha Esa, rohani, kamanungsan, kabangsan, kulawarga, lan kadonyan
Pituduh
Munggahe bebrayan jawa, pituduhe urip iku kaperang dadi enem prekara, kaya kacetha ing ngisor iki.
- Pituduh mangepokan karo Gusti kang Maha Wisesa
- Pituduh kang mangepokan karo rohani
- Pituduh mangepokan karo kang manungsaan
- Pituduh kang magepokan karo kabangsan
- Pituduh kang mangepokan karo kulawarga
- Pituduh kang mangepokan karo kadonyan
Wewaler
Kaya dene pituduh, wewalere bebrayan jawa uga kapatha dadi enem pepathan, kaya ing ngisor iki.
- Wewaler karo magepokan karo Gusti Kang Murbeng Urip
- Wewaler kang magepokan karo rohani
- Wewaler kang magepokan karo kamanungsan
- Wewaler kang magepokan karo kebangsan
- Wewaler kang magepokan karo kulawarga
- Wewaler kang magepokan karo kadonyan